Situs Humor Untuk Dewasa

Archive for the ‘Cerita Lucu Suroboyoan’ Category


Lagu Lupa-Lupa Ingat (Versi Jawa).

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Le ayo ayo rame rame kita kumpul tapi gak kebo
Le duduk nyanyi tulo tulo ayo kabeh nyanyi yoo

*
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Lali,lali lali lali,lali meneh syaire
Eling,eling eling elik,cumak eling kuncine
Eling,aku eling eling,cumak eling kuncine

**
C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Mbalik nang *, **

C A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh
A minor D minor nang G nang C meneh

Nah wes teko C kita nang di meneh ki,
wes a kita nang C meneh ae (nang C meneh) ojok pusing-pusing
Tau nih koyoke nang C meneh wae (nang C meneh) ojok meloki

teruso
Berantakan iki seng entok (neng C meneh)
Ey seng bener wesa ganti iki
Nang C meneh neng C meneh (nang C minoor)

Anakku Wis Isa Maca.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Anakku sekolah neng TK B, bocahe wis pinter maca. Aku sueneng byanget. Sakwijining dina tak ajak blanja neng Giant, anakku njaluk jajan minuman ringan (softdrink).

Nek jajan neng njero iso langsung diombe soale wis dibayar neng kasir njero, nanging neng bungkus jajane ditempeli stiker “PAID” sing artine wis dibayar dadi gak bakal dietung maneh karo kasir sing njaba.

Terus tempelane mau diwaca karo anakku, trus dheweke ngomong , “Buk, aku gak gelem ngombe”.

Aku mendelik, pikirku wong njaluk jajan sing milih anakku dhewe kok gak gelem ngombe. Trus aku gomong, “Lha kenapa Nduk ?”

Trus anakku njawab, “aku kan pingin minuman sing manis Buk, kenapa minuman paid kok didol neng kene ?”

Pak Barto dan Kudanya.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Akisah disuatu negara “bakal hancur”. Terjadi penguasaan yang telah memakan waktu 23 tahun. Di masa emasnya si barto melakukan jogging atau lari pagi
seperti biasa.

Pada pagi yang cerah ini di jogging sendiri tanpa ditemani si istri. Si barto lari mengelilinggi tamannya yang indah bagaikan surga.

Si barto lari terus dan pada akhirnya dia kecapaian. Si barto akhirnya duduk di pinggir kolamnnya yang ada patung kuda jantan.dan terjadilah secuplik pembicaraan.

Kuda : “To..barto….”

Barto : “???????….” dalam hati ia berbicara (siapa nih yang manggil kok berani amat lagian juga disini nggak ada orang ???)

Kuda : “To..aku ndek kene, mlengak’o nduwur.”

Barto : “Ooooo….kowe to..opo’o kok nyeluk aku ?”

Kuda : “Gak, aku cuma pingin njaluk tok.”

Barto : “Njaluk opo?”

Kuda : “Tolong po’o to aku mene gowokno jaran sing ijik enom, tak kongkon ngantekno aku soale aku wes tuwo,wes gak kuat maneh ngadek ndek kene terus.”

Barto : “Ooooo..iyo mrene tak gowokno.”

Keesokannya barto dan istrinya jogging, lagi-lagi setelah barto dan istrinya capek mereka berdua duduk di pinggiran kolam yang ada patung kudanya itu.

Tapi si barto ternyata lupa dengan janjinya yang akan membawakan kuda pengganti. Maka si kuda ngedumel di sela-sela si barto berbicara dengan istrinya.

Kuda : “weiiiii!!!!….to….to… dikongkon nggowokno jaran yo nggowo babi.”

Manuke Wong Arab.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Nomor 4 manuke dowoe 40cm (teko Indonesia)
Nomor 3 manuke kene di gawe dasian di buletno nang gulune
Nomor 2 manuke dowoe sampek teko sikile, maksute sikile kancane (kenek kanggo nyapu jarene)
Nomor 1 kenek wong Arab deweke gak iso teko nang Indonesia amergo ape di sunatno, nah wong Arab mau mung iso ngirim surat di talekno nang manuke sampe teko Indonesia.(bayangno ae ngirim surat teko Arab sampe Indonesia trimo mung di talekno nang barange ndahneo dowoe. Opo gak yo wong wedok di sunduki kabeh).

Terjemahan Lagu Boso Jowo.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

All out of love (Air Supply):
Katresnan kebablasan

Goodbye (Air Supply):
Minggat

Lost in love (Air Supply):
Wes ora tresno

Making love out of nothing at all (Air Supply):
Gelo (jebule ora dibayar)

Grease (Bee Gees) :
Kinclong

How deep is your love (Bee Gees):
Duwekmu kok jero ‘men

I started a joke (Bee Gees):
Wiwit ndagel

In the morning (Bee Gees):
Isuk utuk2

Saturday night fever (Bee Gees):
Meriang ning nekat ngapel

Summertime (jazz) :
Loro Panas

Stayin’ alive (Bee Gees) :
Ora iso mati

Words (Bee Gees) :
Nggedebus

More than words (Extreme) :
Nggedebus pol

Highway star (Deep Purple) :
Jago trek-trek’an

Smoke on the water (Deep Purple) :
Umob (album ‘Nggodog Wedang’)

Soldier of fortune (Deep Purple) :
Prajurit raiso mati

Mama (Genesis) :
Mak’e

Another day in paradise (Phill Collins) :
Suk’mben ing swargo

Againts all odds (Phill Collins):
Ongko Ganep

All night long (Lionel Richie) :
Lek-lek’an(ngebyar)

Still (Lionel Richie) :
Isih (durung entek)

Stuck on you (Lionel Richie) :
Kecanthol

Truly (Lionel Richie) :
Tenan’e

Frozen (Madonna) :
Njendel

Like a virgin (Madonna) :
Ketok’e perawan

Don’t cry for me, Argentina (Madonna) :
Ojo nangis, Sragen

Billy Jean (Michael Jackson) :
Tuku clono Levis

Black & white (Michael Jackson) :
Sebrangan dalan

Killing me softly (Roberta Flack) :
Di-ithik-ithik sak-modar’e

Release me (Engelbert Humperdinck) :
Cul’na aku

My way (Frank Sinatra) :
Sak-karepku

I don’t like to sleep alone (Paul Anka) :
Kelon-ana aku

Fragile (Sting) :
Bentet

Hands clean (Alanis Morissette) :
Bar Wisuh

Believe (Cher) :
Percoyo

I still believe (Brenda K Star) :
Ngengkelan

Shy guy (Diana King) :
Clingus

Wild woman (Michael Learns to Rock) :
Morotuwo

Torn (Natallie Imbruglia) :
Suwek / dedel duel

Don’t speak (No Doubt) :
Meneng’a wae

La copa de la via (Ricky Martin) :
Ayo bal-balan

Something stupid (R William & Nicole Kidman):
nggobloki

Kiss me (Sixpence None The Richer) :
Kismis

Viva forever (Spice Girls) :
Ketagihan wedak Viva

Uptown girl (Westlife) :
Wong wedok nggunung

Don’t stop me now (Queen) :
Ojo Nggandoli

Bohemian rhapsody (Queen) :
Bu Hemi nge’Rap’

We will rock you (Queen) :
Balang2an watu

Always (Bon Jovi) :
Mesti ngono

Bed of roses (Bon Jovi) :
Peti mati

Alone (Heart) :
Ijen (album ‘Kendel tenan’)

Self control (Laura Branigan):
Poso

Warrior (Pat Benatar) :
Sepatu basket

The temple of the king (Rainbow) :
Candi

Sailing (Rod Stewart) :
Iseh Eling (ora edan)

Jump (Van Halen) :
Njondil (album ‘Kaget’)

Almost unreal (Roxette) :
Ora umum

Black magic woman (Santana) :
Mak Lampir

Smooth (Santana) :
Lunyu (album ‘Kepleset’)

Always somewhere (Scorpion) :
Mblayang wae

Still loving you (Scorpion) :
Ra duwe isin

So young (The Corrs) :
Bocah SD

After all (Al Jarreau) :
Entek2an

Forever young (Alphaville) :
Awet enom

Woman in love (Barbra Streisand) :
Suminten edan

Mandy (Barry Manilow) :
Adus

Suddenly (Billy Ocean) :
Mak-jegagik / uJUG uJUG

If (Bread) :
Yen

My heart will go on (Celine Dion) :
Loro hepatitis

The prayer (Andrea Bocelli & Celine Dion) :
Mbah Modin

I’ve never been to me (Charlene) :
Ora pernah kenal Tomi

Hard to say I’m sorry (Chicago) :
Kisinan

Zombie (Cranberries) :
Gendruwo

Boulevard (Dan Byrd) :
Dalan gede

Lady Valentine (David Gates) :
Putri Solo

Emotion (Destiny’s Child) :
Muntab

If we hold on together (Diana Ross) :
Yen Gegandengan tangan

It’s you (Dionne W & Stevie W) :
Jebul sliramu

Hotel California (Eagles) :
Losmen Kali Pepe

Big big world (Emilia) :
Donya’ne gedhe banget

In your eyes (George Benson) :
Blobok

Careless whisper (George Michael) :
Seneng rasan2

All I am (Heatwave) :
Serakah

I don’t have the heart (James Ingram) :
Rempela thok

Just once (James Ingram) :
Sepisan wae

Beautiful girl (Jose Mari Chan) :
Cah ayu

To all the girls I loved before (Julio Iglesias) :
Kanggo randha-randhaku

Dust in the wind (Kansas) :
Lesus nggawa bledug

Pretty boy (M2M) :
Banci

Smile again (Manhatan Transfer) :
Ayo ngguyu (Waljinah)

Paint my love (Michael Learns to Rock) :
Nge-cet omahe pacar

I’ll be here waiting for you (Richard Marx) :
Dak-cegat nyang kene

Become 1 (Spice Girls) :
Ilang siji

Babe (Styx) :
Maratuwa (Betawi)

Mermaid (Tatsuro Yamashita) :
Iwak ayu

Lea (Toto) :
Liyo (ora podo)

Just the way you are (Billy Joel) :
Sak-karepmu

Smoke gets in your eyes (jazz) :
Kakehan ngrokok

Long train running (Doobie W) :
Kepancal Sepur

All blues (George Benson) :
Kelunturan (biru kabeh)

O Danny boy (tradisional Irlandia) :
Jebul’e anake Dani!

Blueberry hill (Louis Armstrong):
Gunung Pare

Another clown (Leon) :
wong DPR

Kelangan Anak Mergo Nganggo Kontrasepsi.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Critane iki darmaji duwe anak sepuluh, pancen yo darmaji asal e ndeso, ora tau mangan bangku sekolah (gendeng be’e bangku dipangan !!), Darmaji karo bojo ne surpa’ah ora tau nggawe alat kontrasepsi…! Saben ngono yo mesti kebobolan. Dasar yo Darmaji, ndelok bojone njenthit, mulet, angop, nyapu, ngepel, langsung napsu ne nglunjak… Ghandule njaluk dicelupno nang iku ne Surpa’ah. Ga sadar be’e lek anak e wis limo…!!

Akhire darmaji konsultasi nang dokter Sukardi, tonggone dewe..!! Darmaji ngomong nang dokter “Pak dokter, kulo niki duwe anak limo, tapi kulo ndelok bojo kulo njenthit mulet, angop, nyapu, ngepel, mesti napsu kulo nglunjak, pingin numpaki bojo kulo! Lha tapi pak dokter, nanging kulo mantun numpaki bojo kulo, bojo kulo mesti meteng, lha piye iki dokter ?”

Doktere ngomong “Lha sampeyan iki ora nggawe alat kontrasepsi tah?”

Darmaji ngomong “Opo dok? Kontakseksi? Opo iku aku gak eroh dok ?”

Moro dokter ngomong “KONTRASEPSI GOBLOK!! Iku semacam alat ngango cek bojone sampeyan ora meteng, koyo iki lho (dokter e ngetokno KONDOM)”

Jarene darmaji “Wah, iyo tah dok, tak cobak e dhisik, piro biyayane dok ?”,

Dokter e nyauti “Wis kondom e ae sampeyan tebus, rongpuluh ewu wae! rong minggu maneh sampeyan mreneo maneh yo, aku pingin ngecek sampeyan!”

“Oye, dok!” jarene darmaji.

Bareng selang rong minggu darmaji teko nang dokter sukardi.

“Wuaah dok pancen manjur jarene sampeyan! anak kulo saiki kari siji?” jarene darmaji.

Doktere kaget. Terus ngomong “Lho anak e sampeyan koq iso kari siji? yo opo ceritane?”

“Ngene critane dokter, winginane pas marine dokter maringi kulo kondol”

Jarene dokter e “kondom goblok !”

Jarene darmaji “Oh iyo… kondom! Lha maringono kulo ten dalem, langsung nganclap bojo kulo supa’ah, langsung kulo tumpaki, lha… Mari numpaki bojo kulo niku, kula langsung dahar kaliyan anak kulo sing nomer loro, telu, papat kaliyan limo… Lha sing nomer siji ora ono ndek omah…anak kulo sing nomer siji tasik sekolah. Pas mari dahar, kondom niku kulo pangan kalian ngombe teh. Nah… selang limang menit weteng kulo mules kebelet ngeseng. Pas arep mlebu jheding, celono kaliyan sempak kulo, kulo plorotno. Durung sampe mlebu jheding kulo ngentut. Lha pas ngentut, kondom niku wau metu, terus mlembung guueedhe sampe pecah..dhaar..!! Nah papat-papate anak kulo wau mrisani kejadian mau, ngguyu-ngguyu kekel karo nyekeli weteng sampe nangis-nangis karo ga kuat ambekan. Sampek-sampek kepapat-papate anak kulo wau mati!!”

Kewan Opo.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Paijo karo Tukinem bede-bedean,

Paijo : “Nem, kewan opo sing endase koyo ulo, sikile koyo sikile gajah, awake koyo awae ayam tangane koyo tangane bajul?”
Tukinem : “Kewan opo yo…..kewan …gak eroh wis nyerah…”
Paijo : “Yo gak ono kewan koyo ngono iku nem, ngono kok dipikirno”
Tukinem : “Wah, raimu cak…cak”

Untung Ora Nganggo Kathok.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Pas dina minggu rina adikku dikongkon ibu ngunduh klopo kanggo ngawe kolak, kuwi biasa wong pancen bocahe tomboy jee…

Ngene undangaane ibu,
“Rin, aku undhuhno klopo kanggo kolak mengko.”
“Yooo bu mariki,” jawape rina.

Sedhelo engkas rina menyang buri saperlu menek wit klopo, bareng tekan nduwur deweke njeblokke klopo siji-siji{blak -bluk ] swarane. Gaekagete bocah lanang-lanang ing ngisore sing lagi jagongan. Banjur cah lanang-lanang moro kanti ndangak, trus rina nakoni,

“Hee, kowe gelem klopo ta? opo degan?”

Cah lanang-lanang ora jawab, tapi tetep ndagaak karo koyok nggumun ngono. Terus rina malah bingung lan mudhun mlebu omah karo takon ibune,

“Bu, cah lanang- lanang mau nang ngisorku lapo yoo, wong tak twani klopo emoh, tak tawani degan yo emoh, tapi tetep nang ngisor karo ndangak ngono?”

“O,pancenkowe cah bodho ngono kuwi nginceng kathokmu, ndhuk-ndhuk!” jawab ibuke.

Kanti roso seneng lan bungah tenan rina ngomong marang ibune,
“Oalah yoo SELAMET TENAN, BU AKU MAU LALI ORA KATHOKAN NGONO…!”

Ibune dadi tolah toleh,

“????????”

Takon Umur.

Nov 20, 2009 Author: Humor | Filed under: Cerita Lucu Suroboyoan

Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
“Ning, ayo bedhe’en piro umurku ?” takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
“Paling sik selawe . . .” jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
“Salah Ning, umurku sakjane wis 45″ jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.

Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe’i maneh nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe’i umure, tapi gak onok sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
“Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe’en piro se umurku?” jare Mat Penceng.
“Kiro-kiro 27 mas” jare pelayane.
“Salah mbak, umurku 45″ jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.

Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe’i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
“Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe’i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?” jare Mat Penceng.
“Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu.” jare simbah mau.
“Iyo tah, piro se umurku?” takok Mat Penceng penasaran.
“Wah tapi onok sarate” jare simbah mau.
“Opo sarate mbah ?” Mat Penceng tambah penasaran.
“Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu.” jare simbah iku mau.

Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
“Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe’en umurku piro selak satpame teko !!” jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,”Le, aku weruh umurmu iku saiki 45″.
Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
“Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?” takok Mat Penceng gak sabar.
“Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . .”

Pas jaman jepang pertama mlebu Indonesia, tentara Jepang patroli keliling Suroboyo. Trus tentara jepang mau ndelok akeh wong ngobong kayu ambek mangan-mangan.

Wong-wong ditakoni ambek tentara jepang:

“Kalian sedang apa?”
Jare wong suroboyo : “Kami sedang makan-makan tuan!”
Trus jepange takon maneh: “Makan apa?”

Wong suroboyo njawab: “Ketela pohon tuan!”

Jepange nyahuti: “Ha, ketela pohong !”

Marine kedadean iku, wong-wong ngarani ketela pohon iku POHONG.